KHUTBAH
JUMAT SINGKAT BHAHASA JAWA
NATA ATI NENG TENGAH ZAMAN AKEH FITNAH
KHUTBAH
I
اَلْحَمْدُ لِلهِ الَّذِي أَنْزَلَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى لِلْمُتَّقِيْنَ، وَجَعَلَ فِيْهِ مَنَاهِجَ الْهِدَايَةِ لِلنَّاسِ أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الصَّادِقُ الْأَمِيْنُ، صَلىَّ اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ الْمَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: الَّذِينَ آمَنُوا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوبُهُمْ بِذِكْرِ اللَّهِ أَلا بِذِكْرِ اللَّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Ma’asyiral
Muslimin jamaah Jumat ingkang minulya
Monggo
kito miwiti khutbah Jumat puniko kanthi raos syukur alhamdulillahi rabbil
‘alamin, awit saking sedoyo limpahan nikmat lan kanugrahan ingkang sampun dipun
paringaken dening Allah dhateng kito sedoyo, sahinggo kito saged tetep
istiqamah nindakaken ibadah shalat Jumat. Shalawat saha salam mugi tansah katur
dhumateng junjungan kito, Nabi Muhammad saw, sakulawarga, sahabat, saha
umatipun ingkang tansah nirokaken lampahipun ngantos akhir zaman.
Kados
dene Kanjeng Nabi ingkang tansah miwiti khutbah kanthi wasiat takwa, khatib ugi
wasiat dhateng pribadi kulo piyambak lan dhateng sedoyo jamaah: Monggo kito
tansah usaha ningkataken takwa dhateng Allah swt, kanthi nindakaken sedoyo
dhawuhipun lan nebihi sedoyo laranganipun, supados kito sedoyo saget slamet
wonten dunyo lan begja wonten akhirat benjangipun.
Ma’asyiral Muslimin jamaah Jumat ingkang minulya
Sakmeniko
kito gesang wonten zaman ingkang kathah dipun wastani zaman kebak fitnah.
Wonten Islam, fitnah puniko tegesipun wiyar sanget, antawisipun: cobaan, ujian,
kaributan, kabar goroh, pitenah, lan sanesipun. Saged ugi tegesipun bondo,
pangkat, kondhang, malah anak ugi. Kados dawuh Allah wonten Al-Qur’an surat
Al-Anfal:
وَاعْلَمُوا
أَنَّمَا أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ اللَّهَ عِنْدَهُ أَجْرٌ
عَظِيمٌ
Tegesipun:
“Sumurupo siro kabeh, saktemene bondomu lan anak-anakmu iku mung dadi cobaan.
Lan saktemene neng ngarsane Allah ono ganjaran kang gede.” (QS. Al-Anfal:
28).
Milo,
wonten kahanan kebak fitnah kados niki, boten wonten perkawis ingkang paling
kito butuhke kejawi nata ati ingkang sae lan leres. Amargi ati puniko pusat
kendali gesangipun manungso. Nata ati ingkang sae bakal nuwuhake kabecikan
wonten wicoro lan tumindak. Kosok wangsulipun, ati ingkang rusak bakal nggiring
manungso dhateng kesalahan lan maksiat. Kanjeng Nabi dawuh:
أَلَا
وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا
فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ أَلَا وَهِيَ الْقَلْبُ
Tegesipun:
“Elingo, saktemene neng awak manungso ono sak gumpal daging. Nek apik, apik
kabeh awake. Nek rusak, rusak kabeh awake. Elingo, kuwi jenenge ati.” (HR.
Bukhari & Muslim).
Hadits
puniko negesaken dhateng kito sedoyo supados temen-temen nata lan njogo ati. Imam
Nawawi ngendiko:
وَفِي هَذَا الْحَدِيث تَأْكِيدٌ عَلَى
السَّعْي فِي صَلَاح الْقَلْب وَحِمَايَته مِنْ الْفَسَاد
Tegesipun:
“Wonten hadits puniko wonten pepenget supados temen-temen ndandani ati lan
njogo saking rusak.”
Ma’asyiral
Muslimin jamaah Jumat ingkang minulya
Sak
sampune kito mangertos pentingipun nata ati, sakmeniko kito rembug kepripun
carane nata ati neng tengah zaman kebak fitnah. Wonten sekawan langkah ingkang
saged kito lampahi:
1.
Ngakehke Dzikir lan Eling Allah
Langkah
sepindah inggih puniko tansah ngakehke dzikir lan eling dhateng Allah. Amargi
zaman fitnah puniko asring ndamel kito kesupen dhateng Gusti. Nek ati adoh
saking Allah, gampang gela, gampang nesu, gampang meri, gampang kebawa hawa
nafsu. Pramilo, dzikir puniko obatipun. Allah dawuh:
أَلاَ
بِذِكْرِ اللّهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوبُ
Tegesipun:
“Elingo, mung kanthi ngelingi Allah ati dadi tentrem.” (QS. Ar-Ra’d: 28).
2.
Milih Lingkungan lan Konco Sing Apik
Langkah
kaping kalih inggih puniko milih konco lan lingkungan ingkang sae. Amargi ati
manungso gampang ketularan. Nek kancane tukang maksiat, tukang pitenah,
suwe-suwe ati melu rusak. Nek kancane wong sholeh, ati melu ketarik nggawe
becik. Kanjeng Nabi dawuh:
الْمَرْءُ عَلَى دِينِ خَلِيلِهِ فَلْيَنْظُرْ
أَحَدُكُمْ مَنْ يُخَالِل
Tegesipun:
“Wong iku manut agamane kancane. Mulane salah siji siro kabeh deloken sopo
kancamu.” (HR. Ahmad & Abu Daud).
3.
Ngakehke Muhasabah / Introspeksi Diri
Langkah
kaping telu inggih puniko tansah muhasabah. Wong sing seneng ngoreksi awake
dewe bakal gampang ngerti luput lan dosane. Ati ne bakal resik saking penyakit
meri, sombong, lan rumongso paling bener.
4.
Ngakehke Dungo Nyuwun Dijogo Atine
Langkah
pungkasan inggih puniko tansah ndungo nyuwun Allah mugi ati kito dipun kiyatke lan
tetep istiqamah. Amargi ati manungso wonten genggaman e Allah. Salah sijine
dunganipun Kanjeng Nabi:
يَا مُقَلِّبَ الْقُلُوبِ ثَبِّتْ قَلْبِي
عَلَى دِينِكَ
Tegesipun:
“Duh Gusti Ingkang Mbula-Mbalekke ati, tetepke atiku neng agomo Mu.” (HR.
Ahmad).
Ma’asyiral
Muslimin jamaah Jumat ingkang minulya
Menawi
langkah-langkah puniko tansah kito lampahi kanthi istiqamah, insya Allah, kito
bakal tetep gesang ayem tentrem neng tengah deres e fitnah zaman. Fitnah mboten
saget kito icali, nanging kanthi pitulungan e Allah, kito saget njogo ati
supados mboten kebawa arus.
Mugi-mugi
khutbah puniko manfaat lan berkah kangge kito sedoyo. Amin ya rabbal
alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ،
وَنَفَعَنِيْ وَاِيَاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ،
وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ جَمِيْعَ أَعْمَالِنَا إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيْمُ
الْعَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ
وَلِلْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
KHUTBAH
II
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ
أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِبِحَبْلِ اللهِ الـْمـَتِــيْنِ.
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُوَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ، إِيَّاهُ
نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ.
وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ
وَرَسُوْلُهُ، اَلْـمَبْعُوْثُرَحْمَةً لِلْعَالَـمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى
مُحَمَّدٍ وَعَلَىآلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ
حَقَّتُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. إِنَّ
اللهَوَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يَاأَيُّهاَ
الَّذِيْنَءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّوَسَلِّمْ وَبَارِكْ
عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِوَقَرَابَتِهِ وَأَزْوَاجِهِ
وَذُرِّيَّاتِهِ أَجْمَعِيْنَ. اَللَّهُمَّأَصْلِحْ جَمِيْعَ وُلاَةَ
الْمُسْلِمِيْنَ، وَانْصُرِ اْلإِسْلاَمَوَالْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكِ الْكَفَرَةَ
وَالْمُشْرِكِيْنَ وَأَعْلِكَلِمَتَكَ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ
لِلْمُسْلِمِيْنَوَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ
اْلأَحْيَاءِمِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ
وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتِ. اَللَّهُمَّ افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ
قَوْمِنَّابِالْحَقِّ وَاَنْتَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ. رَبَّنَا آتِنَا
فِيالدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ
اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى
وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَذَكَّرُوْنَ.وَاشْكُرُوْهُ عَلَى
نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ
أَكْبَرُ.

0 Response to "KHUTBAH JUMAT BAHASA JAWA : ZAMAN AKEH FITNAH"
Posting Komentar