NULIS PIDATO
1. Nemptoake Cengkorongan Pidato
Sesorah iku katindakake ing sadhengah sasana utawa papan panggonan, kayata kasebutake ing ngisor iki.
a. Tata Cara Resmi
1. Kepyakan (pelantikan)
2. Kukuhan (pengukuhan)
3. Byawara (pencanangan)
4. Pengetan (peringatan)
b. Tata cara Agama
1. Pengetan
2. ceramah
3. dhialog
c. Tata Cara keluarga
1. Arisan
2. Ambal Warsa (ulang tahun)
3. Ngedegage omah
d. Tata cara ing Bebrayan
1. Pawiwahan (pernikahan)
2. Pahargyan (perhelatan, resepsi)
e. Tata Cara panglipur (hiburan)
1. Pentas Seni budaya
2. Pagelaran
3. Pameran
2. Nemtoake bab-bab Wigati Sajrone Sesorah
Sesorah uga ing aran medhar sabda. Minangka tambahan bebakalan, ayo merdeni kapamedharsabdan kaya kapratelakake migunaake basa krama ing ngisor iki !
Minangka pacadan ngrembag kapamerdhasabdan perlu dipun jlimeti tembung-tembnung ingkang gegelitan bab punika. Keplasipun kados kajlentrehaken ing ngandhap punika :
a. Wedhar ateges andhar : wejang, terang.
b. Wedharanateges andharan : wejangan, katerangan
c. Medhar ateges ngandharaken; mejang, asung katerangan
d. Diwedharakeateges dipunwedharake : dipun andharaken, dipun teranganken
e. Sabdaateges swanten : ginem, tetembungan.
f. Medharsabda ateges ngandharaken ginem, sesorah, tanggapwacana, pidhato.
g. Nabda ateges manabda : celathu
h. Disabda ateges dipunsabda : dipundadosaken punapa-punapa sarana kuwaosing tetembungan.
i. Disabdakake ateges dipunsabdaaken : dipunsotaken.
j. Pamedhar Sabda ateges ingkang medhar sabda : paraga medhar sabda.
k. Kapamerdhasabdan : salwieing bab ingkang gegelitan kaliyan pamedhar sabda.
Tembung sabda sewaunipun ateges ocehan peksi, inggih punika peksi engkuk. Bab menika kaewrat ing suluk basa Jawi Kina pethikan sangkingSeta Bhatratayudha anggitanipun Empu Sedah bab VI kaca 9 sloka angka 1; inggih punika :
“Meh rohinasemu bang hyang aruna kadi netra ogha raouh, Sabda ni kokila ring kanigara saketer ni kidung ning akung. Lwir wuwusing winipanca papetaking ayam wana ring papagan, mrak anguhuh bramarangrabasa kusuma ring parahasyam arum”.
Sloka ing nginggil punika tegesipun kirang langkung mekaten :
“Wancine meh rina, srengenge ing bang wetan katon semu abangkaya abanging mripat kang nedheng lara. Ocehing manuk engkuk ing wit kanigara kaya swara pangrengiking kidunge wongkang nandang brangta. Kaya unining kecapine wong indhu, cekikering pitik alasan ing pagagan, manuk merak nyengungong nguwuh-uwuh, kombang mangrurah kembang ing kamar paturon kang wangi.”
Mingsad-mingsid tegesipun tembung sabda ingkang suwau gepok senggol kaliyan sato-kewan lan samangke kaginaken dening sutresna kalemet limrah. Tembung guling (cegah dhahar lawan guling) suwau ateges tilem, dene ing jaman samangke ateges bantal gilig-panjang.
Amrih sesorah awake dhewe sarwa bregas. Ayo migatekake bab-bab wigati sajroning sesorah kaya kajlentrehake mawa basa krma ing ngissor iki!
Bab-bab ing ngandhap punika perli kawigatosaken minagka pamrayogi amrih moncering wedharan saha ingkang medharaken, nuwun inggih mekaten ;
a. Medhar sabda perlu kaudi murih tansah ngresepake ingkang sami mirengake.
b. Medhar sabda perlu sinatren ebah-ewahing pasuryan saha peranganing badan, nanging boten kaladuk (overacting)
c. Pikajeng ingkang kawedhar lumantar sesorah prayogi kaarah-arah murih boten damel crah.
d. Ngudi wicanten prayogi sinartan ngudi kawasisan nyerat, mirengaken, saha maos.
e. Punapa ingkang kawiyos ing lisan nedahaken isen-isening batos
f. Pamedhar sabda prayogi nengenaken bregasing wicara saha salira, tebih saking pamrih ingkang boten mikantuki.
g. Sangsaya inggil, kathah, wiyar, sarta jangkeping seserepan prayogi sangsaya lembah manah.
h. Sesanggeman ingkang sampun katampi prayogi katindakaken kanthi lila-legawaning manah
Sanesipun ingkang katur, jejering pamedhar sabda prayogi saged nindakaken saptama, nuwun inggih mekaten :
a. Magatra : adi ing sarira saha edi ing busana
b. Malaksana : luwes, mrabawa, manteb, boten inggih-inggih, boten wigah-wigih
c. Maswastha : jumenengipun jejeg, sukukanan kering tinata mathis
d. Maraga : boten rongeh, boten edheg, boten gumeter, anteb, anteng, pasemoning wadana jumbuh kaliyan jatining wigatos, ebahing asta mimbuhi pratela cetha.
e. Trampil-trengginas, boten remben ngleler, boten angas gas-gasan, ceg-ceg, sembada ing karya.
f. Matanggap : tanggap salwiring swasana, kuwawi nawung dhuhkiteng wardaya nenangi raos bela-sungkawa, cucut anggelar binger damel sumringah semuwaning swasana.
g. Mawwat : kuwagang ngentasi karya purwa, madya, wasana, tangguh, tanggon, tanggel-jawab prapteng ngendon.
3. Cengkorongane Sesorah
a. Salam pambuka
b. Atur pambuka lan puja-puji
c. Isi pokok sesorah
d. Atur panutup
e. Salam penutup.

0 Response to "NULIS PIDATO"
Posting Komentar