SESORAH TASYAKURAN
Standar Kompetensi :
1. Mampu mendengarkan dan memahami wacana lisan dalam berbagai ragam bahasa Jawa
Kompetensi dasar
1. Mendengarkan Pidato
Indikator
1. Mampu memahamiisi pidato syukuran
2. Mampu menyimak pidato dengan benar
3. Mampu menyebutkan ide gagasan utama pidato
4. Mampu menuliskan isi pidato yang didengarkan
5. Mempau memberikan tanggapan isi pidato
6. Mampu menjawab pertanyaan berkaitan dengan pidato
Ngerteni Werdining Sesorah
Sesorah utawa pidato iku wose medhar kandha ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu. Ancasing sesorah iku ing antarane kaya ngisor iki.
a. Suka pakabaran, tegese weweh ngerti marang sutresna kang padha ngrungokake. Tuladha : medhereke bab teknologi informasi komunikasi.
b. Suka panjurung, tegese nenangi greget supaya sutresna kang padha ngrungokake kagugah atine, satemah sengkud-gumregut anggone makarya. Tuladha : suka panjurung marang warga karang taruna supaya tansah ngudi samubarang kang murakabi.
c. Suka pangajak, tegese ajak-ajak tumindak marang sutresna kang padha ngrungokake supaya gelem nindakake kaya kang diwedharake. Tuladha : ajak-ajak mbangun dalan kanthi swadaya.
d. Suka panyaruwe, tegese nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang jangkep tumrap sawenehin ada-ada. Tuladha : nyaruwe tontonan lumantar tv kang ora prayoga tumraping bocah-bocah sekolah.
e. Suka panglipur, tegese nggedhekake ati marang para sutresna kang lagi nandhang susah. Tuladha : sesorah ing sangarepe para kadang kang nandhang urip arupa aradan (bencana alam).
Gatekna pidhato ngisor iki!
“SYUKURAN SUPITAN”
Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
Sugeng dalu.
Para pepundhen pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu pantes kula pundi.
Sagunging para tamu putri kakung ingkang pantes nampi sakathanhing pakurmatan.
Para mudha tumaruna ingkang saestudados agul-aguling nagari tein agami ingkang kula tresnani.
Saderengipun dipun lajengaken, kula tansah nyuwun pangapunten, inggih awit parikedah nyigeg anggen panjenengan sami wawan pangandikan, ingkang saperlu ngaturaken wigatosan pahargyan ing dinten punika. Langkung rumiyin sumangga panjenengan kulaajak tansah ngaturaken puji syukur konjuk daumtheng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-pinten kanikmatan dhateng kita, sahingga ing titi wanci menika panjenengan saha kula saged makempal wontening papan ngriki kanthi wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.
Dene wigatosan pawiwahan ing titi wanci punika Bapak Harja Wiraga amiwaha putra nyupitaken putra kakungipun asesilih Bagus Andika. Dene res sampun kelampahan ing dinten ingkang sampun kawuri. Ing dalu menika dipun suwunaken tambahing donga pengestu dhumatengpara tamu sedaya. Kinanthenan panyuwunan mugi-mugi putra ingkang mentaskemawon dipun islamaken kala wau enggal saged saras maleh, saengga saged enggal ngayahi wajib kados wingi uni nuninggih ngangsu kaweruh wonten ing Madrasah Tsanawiyah ......... , lan ing tembenipun saestu saged minangkani kakudangan tiyang sepuhipun kekalih:
1. Mikul duwur mendhem jero, tegesipun lare kasebat benjangipun saged damel aruming nama kulawarganipun, tebih saking watak culika, lan degsura, kebak ing suba sita lan tata krama, migunani dhateng tiyang sepuhipun, lumeber dhateng nusa, bangsa twin agami – Amin.
2. Dados puta ingkang anak anung anindhita, tegese lare ingkang sarwa ngresepaken kalamun dinulu dening soksintene kemawon. Prasasat lare kang tanpa anggadahi cacad jiwa menapa raganipun, satemah saged ambabar kasagedan twin ketrampilan jumbuh kaliyan ajuning kawontenan.
3. Nggenggeni kewatakanipun pantun, sansaya sepuh sansaya ndhingkluk lan awadhuk saha lemah manah. Tebih saking watak sesoranagan, gumedhe upamia dados jejering pangarsa, inggih pangarsa ingkang kebak ing kawibawan lan kawicaksanan, nyingkur watak sapa sira sapa ingsun, tegesipun ngendel-ngendelaken panguwaosipun.
Bokbilih cekap semanten ingkang dados atur kawula, minagka sulih sarira saking panjenenganipun bapak Harja Wiraga. Namung menawi kathah kalepataning basa saha kithaling paramasastra, sedaya mugi panjenengan kersa angluberaken sih samudra pangaksama.
Mekaten..... puput, pepet pepuntoning atur :
Jenag selo wader kali sesondheran, apuranta yen wonten lepat kawula.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh.
Nuwun.

0 Response to "SESORAH TASYAKURAN"
Posting Komentar