TEMBUNG GARBA
Tembung garba uga diarani sandi, tegese tembung loro utawa luwih kang digandheng dadi siji kanggo hyudo cacahing wanda. Tembung garba utawa sandi iku lumrahe tinemu kasusastran kang sinawung ing tembang. Menawa ana sastra kang guru wilangane kakehan, pangrpta bisa nyuda cacahing wanda sarana nggarba tembung loro utawa luwih kang dumunung ing gatra tembung mahu.
Diarani tembung garba sutraya, dadine sandi mawa aksara Y.
Tuladha :
1. Dupyarsa : dupi + arsa
2. Sarwyanjoged : sarwi + anjoged
3. Lagyantuk : lagi + antuk
Diarani tembung garba sutrawam, dadine tembung sandi mawa aksara W.
Tuladha :
1. Ratwagung : ratu + agung
2. Ratwambeg : ratu + ambeg
3. Lumakweng : lumaku + ing
4. Jalwestri : jalu + estri
Diarani tembung garba warga H, dadine tembung garba rumaket karo tembung maha lan tembunge moho mau maleh “mah”
Tuladha :
1. Mahmeru : maha + meru
2. Mahraja : maha + raja
3. Maharsi : maha + resi
Tembung garba sing ora nuwuhake swara Y lan W utawa warga Ha.
Tuladha :
1. Prapteng : prapta + ing
2. Wirotomo : wiro + utomo
3. Sedyarsa : sedya + arsa
4. Narendra : nara + endra
5. Aneng : ana + ing

0 Response to "TEMBUNG GARBA"
Posting Komentar