PIDATO TASYAKURAN LULUS UJIAN
Terkadang kita bingung saat mendapat tugas dari bapak/ibu guru berpidato untuk mewakili teman-teman sekelas dalam mengucapkan rasa syukur kita kepada Allah swt, dihadapan para tamu undangan dengan menggunakan bahasa jawa.
Berikut kami persembahkan contoh teks pidato bahasa Jawa dengan thema Tasyakuran Lulus Ujian Sekolah. silakan disimak.
jika ada teks yang kurang berkenan, mohon maaf yang sebesar-besarnya.
Assalamu’alaikum warohmatullahi Wabarokatuh
Sugeng dalu
Ibu Atik Trisnawati, Wali kelas IX ingkang kinurmatan. Para siswa kelas IX ingkang kula trisnani.
Alhamdulillah, dinten punika panjenengan dalah kula saged kempal wonten ing griya kula kanthi kaslametan, kasugengan, saha kawilujengan.
Salajengipun, kula ngaturaken sugeng rawhun saha agunging panyuwun ingkang tanpa upami. Awit rawuh panjenengan satuhu mujudaken pakurmatan ingkang ageng tumrap kula sakluwarga.
Ibu Atik saha para kanca, dinten punika kula ngrawuhaken panjenengan saperlu kula ajak nyukuri nikmat ingkang sampu kaparengaken dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Inggih Gusti Ingkang Hanitahaken umat manungsa ing donya punika. Kajawi saking punika, ujub kula sakluwarga inggih ngaturaken raos puji syukur , amergi kula sampun pikantuk ridlo saking Gusti inggih punika saged lulus ujian kanthi biji ingkang maremaken, saengga kula lulus saking MTs. Falaqiyah Mrico Lebak kanthi prediket lulusan terbiak taun punika. Kajawi punika, panjengengan kula suwuni pangestu amrih kula saged nglajengaken sekolah ingakng langkung inggil, inggih sekolah ingkang pinunjul, terkenal utawi faforit.
Adicara punika pancen kula wontenaken kanthi prasaja/sedherhana, pramila, saking punika menawi wonten kekirangan anggen kula angacarani rawuh panjenengan sami, kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Sugeng rawuh,sugeng lenggah ngantos paripurnaning adicara punika.
Cekap semanten atur kula. Wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kula.

0 Response to "PIDATO TASYAKURAN LULUS UJIAN"
Posting Komentar