CONTOH PIDATO BASA JAWA TERBIAK MC/PRANOTO ACORO PERPISAHAN SEKOLAH / MADRASAH TAHUN 2017

CONTOH PIDATO BASA JAWA TERBIAK 
MC/PRANOTO ACORO PERPISAHAN SEKOLAH / MADRASAH TAHUN 2017 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّـهِ وَبَرَكَاتُــهُ
اَلْحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ الْعَالَـمِــيْنَ, وَبِهِ نَسْتَعِــيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ, سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِــيْنَ. لَاحَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ الْعَلِىِّ الْعَظِيْمِ.

Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah , Sholawat soho salam kunjuk dumateng kanjeng nabi Muhammad , lumeber dateng keluwargo, sahabat lan sedoyo umatipun.



Wonten ing ngarsanipu poro sespuh agami Dusun Mrico Kelurahan Lebak Kecamatan Grobogan ingkang dipun mulyaaken dening Allah swt. Wonten ngarsanipun Bapak Ketua Yayasan Madrasah Falaqiyah Bapak .......... Wonten ngarsanipun Bapak Kepala Sekolah Bapak ........., tuwin poro dewan Asatidz Madrasah Diniyah Falaqiyah Mrico Lebak, ingkang tansah satuhu dahat kinurmatan, Para Wali murid, tamu undangan ingkang kinurmatan, lan poro konco kadhang ingkang kawulo tresnani.

Linambaran pamuji miwah syukur konjuk wonten ngarso dalem Gusti Kang  Moho Agung, ingkang sampun paring nugroho dhumateng kawulo lan panjenengan sami, sahenggo wonten ing wekdal kalenggahan puniko kulo lan panjenengan sami saget makempal, manunggal wonten papan ngriki kanthi manggih widodo nir ing sambikolo. Inggih wonten ing adicoro  Muwadda’ah Akhiru Sanah Kelas 6 Madrasah Diniyah Awwaliyah Falaqiyah Mrico Lebak, wekdal siang puniko kanthi kawontenan sehat wal afiat. Sugeng rawuh, sugeng lenggah ngantos paripurnaning adicoro puniko.


Bapak/Ibu ingkang dahat kinormatan, Keparengo kawulo hangaturaken menggah rantamaning adicoro ingkang badhe lumampah ing wekdal siang puniko:

1.        Ingkang sepindah, Atur Pambuko
2.        Kaping kalih, Atur pangandikan Ketua Panitia Muwada’ah Akhiru Sanah Kelas 6 Madrasah Diniyah Awwaliyah Falaqiyah Mrico
3.        Kaping tigo, Tanggap Wacono saking wakil santri / siswa kelas 6 (enem) minongko wakil santri engkang badhe nilaraken, dipun lajengaken tanggap wacono saking adik kelas/ adik santri engkan dipun tilaraken.
4.        Engkang kaping sekawan, Tanggap Wacana saking Bapak Kepala Madrasah Diniyah Awwaliyah Falaqiyah Mrico Lebak.
5.        Kaping gangsal, istirahat
6.        Kaping enem Mauidloh Hasanah
7.        Kaping pitu nun ingguh penutup lan doa.

Mekaten menggah ramtamaning adicoro ingkang badhe lumampah ing wekdal siang puniko.

1.        Kaperang hangancik acoro ingkang sepisan, nun inggih Pambuko. Awit saking meniko monggo, kangge murwakanti acoro puniko, panjenengan kulo dherek-aken ndedungo. Lumantaran waosan surotul fatihah, ‘Ala Hadzihinniyah As-Sholihah Al-Fatihah ......

2.  Bapak/Ibu ingkang kula bekteni, Wonten ing wekdal menika samangke kasuwun paring pangandikan ketua Panitia Muwadaah Akhiru Sanah Madarasah diniyah Falaqiyah Mrico Lebak tahun 1437/1438 Hijriyah, dumateng panjenengaipun Bapak .......................... wekdal soho lampahing sasono kawulo sumanggakaken.

3.        Adicoro salajengipun inggih puniko Kaping tigo, Tanggap Wacana saking wakil kelas 6 (enem) minongko wakil santri engkang badhe nilaraken, dipun lajengaken tanggap wacono saking adik santri engkan dipun tilaraken.

4.        Bapak/ibu, menggah adicoro ingkang kaping sekawan inggh puniko tanggap wacana saking Bapak Kepala Madrasah Diniyah Falaqiyah Mrico Lebak nun inggih Bapak ........................... kasumanggaaken

5.        Acoro salajengipun inggih meniko istirshat

6.        Bapak/Ibu ingkang Adocoro istirahat kawulo cekapaken semanten, wondene ngancik adicoro pungkasan nun inggin Mauidloh Hasanah ingkang badhe dipun aturaken dening Romo Kyai .................. wekdal soho lampahing swasono kawulo sumanggakaken.

اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ # يَا رَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ ×3

Mekanten lampahing acoro “Muwadaah Akhiru Sanah Madrasah Diniyah Awaliyah Falaqiyah Mrico lebak tahun 1437/1438 Hijriyah utawi 2016/2017 Masehi,” wonten ing wekdal menika. Dumuging titi wanci acara penutup, Saking kawulo minongko panoto acoro wiwit purwo, madyo, wusono. Pramilo, saking puniko menawi wonten kekirangan anggen kulo hangacarani adicoro muwadaah puniko, kula nyuwun gunging samudro pangaksami. Cekap semanten atur kula. Wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kula.

وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

0 Response to "CONTOH PIDATO BASA JAWA TERBIAK MC/PRANOTO ACORO PERPISAHAN SEKOLAH / MADRASAH TAHUN 2017 "

Posting Komentar